"PITIK MEDURO"
Ning pasar Beringharjo - Yogya , Joko tuku pitik sing ngadol ibu ibu (rodo galak);
Joko: "Bu, kagungan ayam saking Meduro mboten?".
Ibu: (karo mbatin ono wae sing digoleki wong iki )... "Niki ayam Meduro.
Joko ndulek silite pitik nganggo drijine.
Joko: "Wah niki sanes ayam meduro bu, niki ayam Ngawi..., cobi sanesipun".
Ibu : "Menawi meniko".
Joko: (ndulek meneh silite pitik warno putih)... "Wah menawi meniko ayam saking Sragen bu".
Bola bali Joko ndulek silit pitik liyane nanging durung nemu pitik Meduro.
Ibu : Niki ayame kantun setunggal".
Sawise ndulek silite pitik werno ireng Joko banjur ngomong;
Joko: "Lha sing niki leres ayam saking Meduro bu..., pinten reginipun ?".
Ibu: (isih nesu, njawabB-)... "Rp.75.000,-". (Padahal biasane mung Rp 30.000,-).
Joko: (karo ngelungke duit Rp.100.000,-)... "Bu, menawi sadean ampun kalih duko duko. Mangké mundak mboten gadah langganan lho...., eh..... ngomong-ngomong Ibu aslinipun saking pundi, Yogya nggih?"
Ibu : (isih nesu).. "Sanes...!, monggo priksa piyambak mawon....!"
(karo mledingke bokonge .......)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar