Iki Ceritane Mbah Putri bar blonjo neng pasar Beringharjo, mulihe pengin numpak becak, nyang2an karo tukang becak'e.
- SI MBAH: "Pak, 5.000,- purun nggih ?"
-TUKANG BECAK : "Oh dereng saget, 10.000 mawon mbah".
-SI MBAH : "Emoh ah, 5.000 wae to.. Mengko tak tuduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo..."
-TUKANG BECAK : "Mboten saget, mbah... Nek 10.000 nggih kulo purun.."
Si mbahe mangkel mergo tukang becak'e ra gelem ngeduk'ke rego, akhir'e si mbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak,
-SI MBAH ngedumel : "Nggih pun, tak bayar 10.000..."
Pas neng dalan..
-TUKANG BECAK : "Mandap pundhi mbah...?????"
-SI MBAH : (Meneng wae...)
-TUKANG BECAK : "Lha niki mandap pundi mbah..???"
-SI MBAH : "Kan wes tak omongi dek mau...Nek 5.000 mengko ta tuduhi dalane... Ning nek 10.000 yo ora tak kandani omahku ngendi, GOLEK ONO DEWE...!!!"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar